Selasa, 02 Februari 2021

Nulis Aksara Jawa

Asal Usul Aksara Jawa



Nalika semana Ajisaka arep tindak menyang negara Medang Kamulan kaderekake abdine 4 (papat) kang aran : Duga, Prayoga, Dora, sembada. Sadurunge nerusake laku. Ajisaka nitipake keris pusaka marang abdine kang aran Sembada, nunggu ing pulo majeti. Ajisaka wanti-wanti marang Sembada, sapa wae ora dikeparengake mundhut pusaka iki kejaba Ajisaka dhewe.

Sawise Ajisaka dadi ratu ing Medhangkamulan amarga bisa ngalahake Prabu Dewatacengkar, ajisaka ngutus Dora supaya mundhut keris pusaka kang di titipake marang Sembada. Sarehne Sembada ngugemi piwelinge Ajisaka, mulane keris ora diparengake marang Dora. Ing kono kadadean padudon pasulayan antarane Dora lan Sembada. 

Sebab pada digdayane padha sektine abdi loro pada mati sampyuh kena keris pusakane Ajisaka. Nalika Ajisaka sumurub kedadeyan iku, minangka pangeling – eling, Ajjisaka angripta aksara jawa legena kang akehe rongpuluh yaiku HA,NA,CA,RA.KA ( ana caraka utawa utusan ).DA.TA.SA.WA.LA ( tegese : pada suwala utawa pada padudon / pasulayan ) PA,DHA,JA,YA,NYA (  padha sektine ) MA,GA,BA,THA,NGA ( tegese : wasana padha dadi bathang).

sumber : gurune.net

Aksara Jawa


Contoh / Tuladha


Tulisen nggango aksara jawa

1. Adi Lunga Dolan
2. Marti Tuku Manuk
3. Tuku Roti Telu
4. Ninine nutur duren
5. Bocah bocah pada sinau.



sdn1pagerandong

Author & Editor

Has laoreet percipitur ad. Vide interesset in mei, no his legimus verterem. Et nostrum imperdiet appellantur usu, mnesarchum referrentur id vim.

0 komentar:

Posting Komentar