Sabtu, 16 Januari 2021

Pawarta ( Bahasa Jawa Kelas 5 )

Asalamualikum..

Dinten niki pak guru bade mbagi materi basa jawa kelas 5, Materi dinten niki yaiku nyinauni babagan PAWARTA, Apa iku pawarta, contone lan lia - liane.

Pawarta

Pawarta iku kedadean kang nyata. Bisa oleh pawarta saka ngrungokake utawa maca saka sumber kang tanggung jawab. Kajaba saka maca lan ngrungokake, pawarta uga bisa wujud prastawa kang di alami dhewe. Yen kita maca, ngrungokake utawa ngandharake pawarta paling ora kudu bisa mangsuli pitakon-pitakon, kayata: apa, sapa, kapan, ing endi, nyapa, lan kepriye. Kanthi mangkono pawarta kang dirungu, diwaca utawa diandharake lisan utawa tulis kudu bisa kajupuk sarine.

Tuladha teks pawarta

JAKARTA— Kegiatan pramuka ing sekolah nduweni daya kekuwatan kang gedhe kanggo narik kawigatene bocah. Kegiatane kang maneka warna lan nyenengake bisa nukulake semangat. Salah sijine kegiatan kasebut yaiku Indonesia Scouts Challenge (ISC) 2015-2016, makarya bebarengan antarane Kwartir Nasional Gerakan Pramuka lan Jawa Pos Group.

Indonesia Scouts Challenge mujudake kegiatan kemah lan maneka warna lomba kanggo adhik-adhik Penggalang Ramu kelas IV lan V SD. Kegiatan iki kaleksanan wiwit tingkat kabupaten, provinsi, lan nasional. Sapa kang menang ing tingkat kabupaten bakal dikirim lomba ing tingkat provinsi. 

Puncak kegiatane ISC, saben regu kang makili provinsine bakal budhal lomba ing tingkat national championship kang digelar watara wulan Agustus 2016. Regu putra lan putri kang paling apik bakal nyandhang predhikat juwara nasional. Minangka bebungahe, reguregu juwara mau duwe kalodhangan dijak dolan menyang Amerika Serikat sarta diparingi tabungan pendhidhikan.



Pawarta yaiku andharan marang liyan ngenani kedadean kang nyata. 

Pawarta kanggone wong yaiku andharan ngenani kedadean utawa andharane manungsa kang perlu diweruhi. 

Pawarta kanggone layang kabar mujudake andharan, katrangan, utawa njlentrehan kang dibutuhke masyarakat. Kabutuhane manungsa bab warta mesthine beda-beda, mulane ana layang kabar werna-werna.

Tuladhane layang kabar basa Jawa awujud kalawarti: 

 Jaya Baya 

 Panjebar Semangat 

 Jemparing 

 Mekar Sari 

 Joko Lodhang 

 lan sapanunggalane.


Kalawarti : warta/kabar kang diterbitake kala-kala/ ora saben dina, minggon, sasen, lan sapanunggalane. Ariwarti : warta/kabar kang diterbitake saben dina.

Jinise pawarta 

1. Adhedhasar isine : pawarta bab pendhidhikan, agama, politik, kewarasan, ekonomi, hiburan, lingkungan, hukum, tetanen, olahraga, lan sapanunggalane. 

2. Adhedhasar sumbere: 

 fakta, pawarta saka kedadean langsung/ nyata.  

 opini, pawarta kang wujud andharane wong kang ngalami sawijine kedadean 

 campuran antarane kedadean lan panemune nara sumber kang ahli ing bab kedadean kasebut.


3. Adhedhasar bobote fakta: 

 pawarta fakta/ kedadeane pancen bener ana. 

 pawarta ditambah andharan bab kedadeane. 

 pawarta opini, awujud andharane wartawan. 

 pawarta apus-apusan. 


4. Adhedhasar sumebare pawarta/ wilayahe: 

 Lokal (wilayah kabupaten/ kota) 

 Regional (wilayah provinsi) 

 Nasional (negara) 

 Internasional (donya)


Adhedhasar tuladha teks pawarta ing dhuwur wangsulana pitakon-pitakon iki!

1. Terangna apa sing diarani pawarta? 

2. Sebutna jinise pawarta manut isine! 

3. Sebutna jinise pawarta manut sumbere! 

4. Sebutna jinise pawarta manut bobot faktane! 

5. Sebutna jinise pawarta manut wilayahe! 


Kangge njawab soal ing nduwur klik link ing ngisor iki..!


LINK TUGAS

https://forms.gle/77qiFy7s1HzSD44r6





 


sdn1pagerandong

Author & Editor

Has laoreet percipitur ad. Vide interesset in mei, no his legimus verterem. Et nostrum imperdiet appellantur usu, mnesarchum referrentur id vim.

0 komentar:

Posting Komentar